Saturday, 17 December 2016

BALADA PANGSIUNAN.

# BALADA PANGSIUNAN.

Aclum kaya pupuse godhong gedhang alum, praupane,
Tumungkul mangklung gulune maring bumi,
Wiwit esuk nganti bakdal dzuhur ngadhepi daganganne,
Nora siji-sijia wong ketarik mring barang kang dikira aji.

Nyawang kiwa tengen kanca dhagange sering kepayon barange,
Nalangsa pikirane, dadi among dagang nembe wae,
Hing pangangkah, oleh-olehane arep kanggo nyekolahke anake ,
Mlebu S M A hing kutha cedhak desane.
Pensiunan guru, nora nyukupi kebutuhane,
Sinambi dadi tukang ojek
saben ndinane,
Kanggo urip bebrayan lan keluargane,
Beda lan jamane ndhisik sadurunge tekan pensiune.
Plakat lan piagam , tanda penghargaan akeh kang katampa,
Nanging wektu kuwi nora guna,
Arep ngedol motore kok kaningaya,
Gek apa mengko kang kanggo nyukupke blanja.
Kapeksa ya mung kuwi dodol plakat - tropi juarane,
Hing pamrih ndaya – ndaya bisa nerusake sekolahe anakke,
Sambat sebut maring ALLAH, nyenyuwun sih rahmat barokah,
Guru winasis kimia, matematika lan biologi hing klas sekolah.
WAHUT0..........
ana mobil mlaku lon-lonan mandheg hing ngarepe,
Paraga ngagem jas dasi kaca mripatan riben,mudhun ndodok nyaketi,
Sinambi ngilang - ngiling nontoni dagangane pak guru pangsiunan, plakat lan tropi,
Wawan cara rembaganipun:”
Pak barang handika niki dipun regeni pinten ta pak,
Plakatipun setunggal pinten,
Tropi-tropi niki setunggale pinten,
Lan niki lembaran- lembaran sertipikat teng pigora pinten?”
Semaur pak guru pangsiunan:”
Pinten nggih pak, kula mboten saged ngregeni,
Ning nek panjenengan ngersakaken niki,
Inggih sampun saben setunggale wradin 300 ewu rupiah,
Duka niki kawisen punapa mirah.!”
Gunggung barange ana 10 iji,
Katikelke 300 ewu regane dadi telung yuta,
Kang tuku nora nganyang , terus wae handuwiti,
Pak guru gemeter mbungkusi, kiwa tengen kancane ndomblong ora nyuwara,
Mobil distater pawongan kang nuku barange pak guru lunga embuh menyang endi.
Nggawa mulih dhuwit telung yuta akehe,
Saiba bungahe anak lan bojone,
Klakon bisa nyekolahke anak lan mbayar SPPne sawetara,
Ning nek kelingan ilange tanda jasane, sedhih, jro nalangsane nala.
Mulih lumaku lan graoske bungah sedhihe,
Tekan ngomah dipapag anak lan bojone,
“: Kangmas wau wonten tamu, ngasta bungkusan lan parcel kagem handika,
Duka punapa hing lebetipun mangga katuran niti pirsa”!
Pak guru wel-welan, sigra mbukak bungkusan kang haneng njro kothak kardus,
Ana kintaka , kabuka ...seratan endah hing lebeting amplop,
Ukaranipun kaungelaken:”

Bapa , kula Mukiran, murid siswa SMA hingkang bapa g


# Lamun Benjang yen Palastra.

Pencolotan haneng pang,
Kethilang mabur sinambi nembang,
Dhet...dhet...dhet..dhet...cengkulik ...cengkulik ....kulik,
Hemmmm ....ayem banget bapa biyung ngajak anakke cilik,
Iri aku....iri aku...iri aku....iriiiiiiiiiii,
Nanging jaman cilikku nora bali,
Kiye tuwa nora nduwe biyung bapa,
Lola ... mung sinandhing sunu lan garwa.

Mblasak saba kebon gedhang,
Akeh kang krowok suluhane dimangsa paksi,
Kerambil dhuwur klapane gembel pirang-pirang janjang,
Njur sapa kang arsa menek ngunduhi,
Tanem tuwuhe sakawit bapa biyungku durung seda,
Embuh mengkone kanggo sapa,
Kebon mburi papan dolananku ndhisik dhek aku isih cilik,
Cul dak tinggal ....lawas aku nora tau tilik,
Saiki aku dadi wong kutha,
Lawas aku Ninggalke desa,
Papan dunungku tedhak hing bantala.
Uripku kiye kadi kukila,
Raga kurunganne nyawa sapurug –purug ajeg kabekta,
Nembang geganghangan turut margi,
Wira - wiri pados sandhang bukti,
Hanyekapi betahing anak lan esteri,
Mboten ngetang wekdal ...wiwit gagat rahina,
Manjing wisma dumugine wanci ratri.
Wahuta ....punika lelampahaning gesang hing alam donya,
Kala- kala humanggih suka bagya,
Kala-kala humanggih sedih sisah dhuhkitaning nala,
Mugya hing benjang hing alam sonya ruri,
Humanggiha gesang basuki cinaketan Widi,
Kinemulan Rahmat nugrahaning Illahi Robbi.
Wataubatan qoblal maut,
Warahmatan indhal maut,
Wamaghfiratan ba’dal maut,
Wal afwa indhal hisab.

#JAKARTA 29 /II/2016.....( SALAM TRESNAKU KANGGO SAGITARIUS HING BEKASI.....HBD)

# Mahargya lan Nambut Hari Guru

SANG Dwija Winasis,
Nggegulang siswa maos lan nulis,
Mulang muruk ngelmi kang adi luhung,
Dharma beciking tan kena den etung.

Ndina - ndina kanthi eklas manjing jroning kelas,
hing penggalih pra siswa aglisa nampi piwucal tuntas,
Guru kena den gugu lan ditiru,
Siswa wasise ginawa hamargi Guru.
Nadjan gesangipun sarwi pas-pasan,
Ning ajeg nuhoni jejibahan hingkang kalampahan,
Yektine sang Dwija nora sesambat ngaru ara,
Yogyanipun sang guru dados panutan ratri rahina,
Ndedasari putra bangsa memangun hayu rahayuning Bawana.

# Jakarta 25 /11/2016
DALAN dawa kagem para Siswa katuntun sang Dwija.

No comments:

Post a Comment