Ngancik tabuh setunggal
Enjeng puniko
Taksih kepireng swanten jangkrik
Kawulo nyerat mboko selarik
Nyobi noto ukoro tharik tharik
Murih becik
Kang kasedya saged katitik
Sajatosipun kawulo mboten saged punopo
Cubluk ing ngelmi, cupet ing rasa
Ener ing jiwa
Mugi ing tembe
Gesang ing
Nguda rasa 155
Pitaken
Menapa leres menawi wonten nginggil meniko ajrih ningali ngandap?
Kados pundi menawi kedah mandap?
Menopo leres, lankung sekeco ndangak katimbang mendhak?
Menawi ningali mandap badhe singunen?
Awang awangen?
Nginggil puniko , menawi dipun pirsani saking ngandhap ketingal peni
Sawalikipun mekaten ugi
Ingkang wonten nginggil badhe dhawah..
Sakit.
Ingkang wonten ngandap, menawi dhawah.. Tetep wonten papanipun.
Ing madyaning ratri mekaten
Kraos tintrim
Ingkang wonten namung laptop
Kinanthen swanten jarum jam
Kapang sanget ngripta gurit
Ananging pekewet
Saking pundi badhe miwiti...
Menawi ningali mandap badhe singunen?
Awang awangen?
Nginggil puniko , menawi dipun pirsani saking ngandhap ketingal peni
Sawalikipun mekaten ugi
Ingkang wonten nginggil badhe dhawah..
Sakit.
Ingkang wonten ngandap, menawi dhawah.. Tetep wonten papanipun.
Ing madyaning ratri mekaten
Kraos tintrim
Ingkang wonten namung laptop
Kinanthen swanten jarum jam
Kapang sanget ngripta gurit
Ananging pekewet
Saking pundi badhe miwiti...
Sugeng makaryo, katur para kadhang
Ingkang tansah nguri uri kabudayan jawi
Salam..
Ingkang tansah nguri uri kabudayan jawi
Salam..
No comments:
Post a Comment