Monday, 19 December 2016

KUMPULAN GEGURITAN BOSO JOWO

Njanur gunung
Iki rasa dudu tepa slira
Maskumambang nyingkur asmarandana
Kinanthi ngrangin nlesih dandang gula...
Nglangut njlimeti sih turut ulu ati
Yen wengi sigeg lintang singidan
gurit kancrit kelimpe aksara
muspra .
Ambyar katon wayahe
Ning seje rupa
Dudu asmarandana
Dudu dandang gula
Dudu Kinanthi
Dudu ..
Durung wanci
njanur gunung nglegani ati .
®
sda.pojok lapindo.2016.



# HING HINGGIL AWIYAT ANA WIYATI
Rikalane dak temokke nistha handika,
Pingin rasane aku ngundhamana handika tanpa wasana,
Nanging hing wusana aku kelingan mring jiwanggaku,
Dak rasa nora kaprah kehing wilangane nisthaku,
Hapuranen dosa luputku kangmas , aku ijih ngarepake tresnamu.

Handika kang nyurung lelakoning huripku,
Handika dudu satruku,
Handika garwa lan kanca sinara wediku,
Mungsuhku sejatine haneng diriku,
Hing lesan tutukku, hing lambungku lan hing napsuku.
Sedaya pepujenku konjuk hing Allah Gusti sesembahan kawula,
Allah kang kebak asih tresna ne maring hamba,
Lembut asih pangeluse sun arep- arep lumantar pangelusmu ,
Pangapuramu sun suwun dhuh paraga kang dadi pepundhenku,
Welas asih tresnamu ijih ajeg dak arep-arep rawuhe.
Yen ta kakang sedya ngoncati aku,
Tinggalen apa kang dumunung hing anggamu,
Kanggo huripku hing donya uga huripku hing alam baqa,
Saiba suka renaning tyas kakang yen guyu esem handika tumempel hing kawula,
Kaering waosan qalam Illahi Robbi kang bakal dadi sanguku hurip hing nirwana.
Sru marlupa hamba jroning hurip hing alam donya,
Kejawi hangabdiku maring Allah Illahi Robbi,
Sun hangrasa ya handika sejatining bathara kang mangejawantah,
Kang ajeg peparing nugraha titah kangge ngibadah,
Hanggoleki boga lan ngranggeh swarga.
Apuranta pepujanku kang tansah agawe seneng,
Mung maring handika netraku mandheng handeleng,
Mung maring handika sakabehing pangarep-arepku,
Hamung maring handika anane pagesanganku,
Lang uga hing handika ana swargaku lan nerakaku.
# sby medio nopember 2016....# ( katur ingkang kinasih YAng-kunk YaNg-ko )

No comments:

Post a Comment