Monday, 19 December 2016

J SUMARTO

KLAYAR

Gumuruh ombake samudra
Gulung gumulung lumaku
Kagiring sumilire angin
Ing pinggire samudra biru
Kadya nom-noman, lumayu
Nguber penine lelumban asmara

Endah pancen endah donya
Ing wektu iku,padha guyon bebarengan
Lan kalane sikil iki lumaku ing pinggir
Napaki butir-butir pasir putih
Jumangkah aku ngadek ing karang
Guwang panyawang ing tengah segara
Ngadek, gejejer lan gemeter
Meruhi lakune banyu sansaya banter
Ing kene aku katon cilik
Ora duwe daya kanggo nglirik
Kapal layar lan pesiar
Amung dadi satitik
Mulat satengahing urip
Ubyang ubyung mung nglilip
Tan ana eling marang sing gawe urip

J sumarto,120316


SIH KATRISNANE IBU
Dening J sumarto
ibu,
lumunture sih,
kagawa ing lumakune umurmu
, tumeka ing pungkase wektumu.

ibu
sih trisnamu datan kendat ing wektu
najan ragamu ajur mumur
lebur ing panandang
kanggo ngrungkebi lan mbelani aku
nanging
aku tanpa nduweni salah
wis gawe laraning atimu
sliramu
tan pegat ing sihmu
tansah njaga aku
kalane wathuk
adem panas ing ragaku
sumedot rasa
,ingkalane wengi wis tumiba ing netraku
, kang nuwuhke pangangen
nalika sliramu gendong lanngudhang aku
isih ndak rasa tumeka saiki
. ibu
weninge waspa kang lumuntur ing netra iki
mratandha, menawa aku kangen marang esemu,
marang pasuryanmu
apa maneh katrisnanmu
.
lan saiki
aku amung bisa mrapagi papan palereman
lan nyawang watu nisan kang tinulis asmamu
wanda-wanda donga
lan gatra-gatra pepujan
ndak suwunke marang Gusti
supaya slliramu tansah sumanding ing kasuwargan

klaten, 30 05 16

By. Wawan

No comments:

Post a Comment