Crita lucu antri mutasi
antri mutasi ing samsat Sukoharjo
melu susah bul malah nandang beja
nugraha kang tinampa dudu ujud arta
aku dikira petugas, aneh ning iki nyata
embuh apa krana wujud lan postur
wong nganggep pinter weweh pitutur
takon kok werna werna tanpa ukur
aku mung ngguyu, mesem lan kukur2
lakon iki yen tak tulis ora uwis uwis
nadyan sesek rasaku datan ketawis
tak coba dadi gurit gantine ngeciwis
antri suwiiii banget jejer wong manis
(6.12.16)
nglenggana
nglenggana wani ngaku luput luwih prayoga
tinimbang numpang menang tan rikuh ing rasa
wani dura segunung anakan tan krasa-rumangsa
malah umuk ngamuk patrape dumeh pideksa
wong nganggep pinter weweh pitutur
takon kok werna werna tanpa ukur
aku mung ngguyu, mesem lan kukur2
lakon iki yen tak tulis ora uwis uwis
nadyan sesek rasaku datan ketawis
tak coba dadi gurit gantine ngeciwis
antri suwiiii banget jejer wong manis
(6.12.16)
nglenggana
nglenggana wani ngaku luput luwih prayoga
tinimbang numpang menang tan rikuh ing rasa
wani dura segunung anakan tan krasa-rumangsa
malah umuk ngamuk patrape dumeh pideksa
bisa eling lamun urip iki winates ing umur
untu ompong rambut putih mata meh lamur
lampah polah ragane kadya yuswa selikur
seneng macak norak lali anak sanak-sedulur
rupa ayu lan bagus bakal ilang pamore
pangkat drajat mung sampiran paribasane
bondho lan donya titipan datan selawase
nglenggana laku sakmadya laras uripe
wis dadi watak laku kang baku
murih rasa rumaket ayem ing kalbu
sregep makarya linambaran sewu laku
sumarah paringing Gusti ing saben wektu
(1.12.16)
Sumber : Group Fb Geguritan Basa Jawa
By. Wawan
untu ompong rambut putih mata meh lamur
lampah polah ragane kadya yuswa selikur
seneng macak norak lali anak sanak-sedulur
rupa ayu lan bagus bakal ilang pamore
pangkat drajat mung sampiran paribasane
bondho lan donya titipan datan selawase
nglenggana laku sakmadya laras uripe
wis dadi watak laku kang baku
murih rasa rumaket ayem ing kalbu
sregep makarya linambaran sewu laku
sumarah paringing Gusti ing saben wektu
(1.12.16)
Sumber : Group Fb Geguritan Basa Jawa
By. Wawan
No comments:
Post a Comment