Nggonku lungguh ngantu antu
Tumekaning wektu
Jumbuh kang ginayuh,
Ngestupada jatining dhawuh
Munggah ndedel pucaking gunung
Kebak panyengkuyung
Saka kandeling tekad nyawiji
Tintrim sepi mrebawani
Angin ngidit nggugah ati
Aweh daya pangaribawa
Nambahi kekes jroning rasa
Apa ta darunane???
Yektine mung kepengin srawung
Kepengin weruh
Supaya jumbuh
Apa kang wus ndak rengkuh
Ing sak jroning panggayuh
Bisoa manjing jroning rasa
Murih sentosa
Anggonku kepengin
Netepi darmaning urip.
Ratri ing Pucuking Wukir.
Angsluping Hyang Rawi
Pratandha ngancik wanci ratri.
Lon lonan jumangkah nyawiji.
Nggegem tekad,
Nggendhong niat,
Kanthi keplasing cipta
Manunggaling rasa
Santosaning karsa
Tumuju ing gisiking samudra
Sepiiii
Mamring
Datan ana rupa,datan ana swara
Mung lamat lamat kapiyarsa
Swaraning ombak segara
Ing pungkuring arga.
Mendhung angendanu
Peteng ndhedhet lelimengan
AKU IKI MUNG BUREM
aku iki sapa
lan ing awak ana pitakon
kanggo apa lumaku jronng rasa
najan tanpa sapa-sapa
kersane wae sliraku semu
dadi pengangen suwung
kang tanpa ana sing pirsa
lan tanpa suara
hurup lan aksaraku
dadi napas tuwa wicara
najan awaku amung kosong
awewates kebak pitakon
yo ben wae
gurit-gurit wicara
anembang warna abu-abu
kang bakal nuwuhke pangangen lan pitakonmu
ora papa aku katutup peteng
ndadege aku kathon burem
ananging aja mbok anggep serem
lan jenengku aja digawe kucem
aku ana lan lair saka saka wewayangan jiwa
kang nulis lan gurit ing rasa
isiku mung ngrakit tembung
najan isine mung dianggep suwung
aja pisan-pisan takon ujud
amarga aku iki mung playune angin
sing miber ngangkasa
mabur njajagi amabane jagad raya
kang tanpa wates
aja pitakon marang aku
amarga aku mung bun wayah esuk
sing bakal sirna sawuse surya jumbedhul
lan ora ana ing jangka
Jsumarto, 4 12 16
By. Wawan.
dadi pengangen suwung
kang tanpa ana sing pirsa
lan tanpa suara
hurup lan aksaraku
dadi napas tuwa wicara
najan awaku amung kosong
awewates kebak pitakon
yo ben wae
gurit-gurit wicara
anembang warna abu-abu
kang bakal nuwuhke pangangen lan pitakonmu
ora papa aku katutup peteng
ndadege aku kathon burem
ananging aja mbok anggep serem
lan jenengku aja digawe kucem
aku ana lan lair saka saka wewayangan jiwa
kang nulis lan gurit ing rasa
isiku mung ngrakit tembung
najan isine mung dianggep suwung
aja pisan-pisan takon ujud
amarga aku iki mung playune angin
sing miber ngangkasa
mabur njajagi amabane jagad raya
kang tanpa wates
aja pitakon marang aku
amarga aku mung bun wayah esuk
sing bakal sirna sawuse surya jumbedhul
lan ora ana ing jangka
Jsumarto, 4 12 16
By. Wawan.
No comments:
Post a Comment