Dedeg ngringin sungsang..
Rikmo ngombak ngembang bakung,.
Palarapan nyelo cendhani.
Pilingan hanapak palu,
Alisnyo Nanggal sepisan,
Idep tumengleng hing tawang..
Netro kocak lir dimar kanginan,
Grono ngrungih lir winangun.
Lambe abang kadyo kulit manggis karengat..
Jonggo ngolan-olan.
Pundhake nrajumas,
Asto gendewo pinenthang
Drijine mucuk tanjung.
Dhodo weweg.
Payudarane anyengkir gadhing..
Bangkekan nawon kemit.
Pupu amongkang gangsir.
Kempol kiyel ngethapel
Tungkak bunder lir jinongko.
Jempolane suku kadi sirahing ulo lare angon.. Tindaknyo kadi macan luwe..
Hmbarak sempat lèmbèyanné
Suitttt
... dak gurit endah asmanira ...
dak gurit endah asmanira
ing lingsir wengi ati ngulandara
isih cetha ing pangeling lan netra
nalika kita sapatemon duk semana
patemon kang kapisan kita
ananging uga kang pungkasan kala
patemon kang endah tanpa pindha
patemon kang dumadi tan kinira
kabuka ing endahing tengah rina
kalulut ing endahing asmarandana
binarung swaraning tembang napaki rasa
tan rinasa wayah lingsir sore tumeka
ati ayem tentrem ing dhuwur rodha
napaki margiMargi ing kuthanira
rikala astanira ing pundhak rinasa
katutup kanthi olah rasa ing beka
dak gurit endah asmanira
ing sadawaning wengi lan rina
dak gurit endah asmanira
ing sadawaning wektu lan mangsa
---
* karangtumaritis, 17 nopember 2016 *
#A/KD-E2#
Sumber :Group FB. Geguritn Basa Jawa.
By. Wawan.
ananging uga kang pungkasan kala
patemon kang endah tanpa pindha
patemon kang dumadi tan kinira
kabuka ing endahing tengah rina
kalulut ing endahing asmarandana
binarung swaraning tembang napaki rasa
tan rinasa wayah lingsir sore tumeka
ati ayem tentrem ing dhuwur rodha
napaki margiMargi ing kuthanira
rikala astanira ing pundhak rinasa
katutup kanthi olah rasa ing beka
dak gurit endah asmanira
ing sadawaning wengi lan rina
dak gurit endah asmanira
ing sadawaning wektu lan mangsa
---
* karangtumaritis, 17 nopember 2016 *
#A/KD-E2#
Sumber :Group FB. Geguritn Basa Jawa.
By. Wawan.
No comments:
Post a Comment