Monday, 19 December 2016

BINTANG KALIJAGA

Pangira
Dening Bk
Arêp nimbali sapa Ndara...
Nyatané akèh kang wus krasa
Rumêsêp bun ésuk ing rumambaté kêmbang gêmpur watu
Dudu pérangané ukara sanépa
Bungah-susah katitik saka kumêmbêngé nétra
;sisip pangira

Arep takon apa Ndara...
Nyatané kabèh wus gragapi
Mêndhung kêtêl pucuking Mêrapi
Mokal sinêrat ing ramalan Jayabaya
Omah loji êmpyak gandhèng
Satêmah dadi panggégémangsa
Gumrêjih udan lan banjir bandhang ing dina rèntèng
;nora kuwasanira
Ndara...
Ora prêlu digalih gurit iki wrêdiné apa
Rêmbug dawa nyacad liyan tanpa guna
Sinubya-subya nganti sêpréné
Kasunyatané.....

Dmk.Panas kumênthang.17.12.2016

No comments:

Post a Comment